MBURU UCENG, KELANGAN DHELEG
Dening: Anis Cahyani
Esuk uthuk-uthuk Karno
wus tangi. Adzan Subuh kumandang pratandha kudu nindakake kuwajiban. Sawise
reresik awak ana ing kulah, banjur age-age nindakake shalat Subuh. Sanajan
hawaning isuk kuwi adhem banget pating trecep krasa ning balung lan awak rasane
kaku ananging salat lan dzikir marang Gusti ditindakake Karno kanthi tumemen. Sawise
nindakake salat, age-age Karno nyruput teh anget kang wis dicawisake ana ing
ndhuwur meja. Karo ngenteni kahanan dadi padhang, buntelan plastik isi mbako,
cengkeh lan menyan diracik, dilinting banjur disulet, kemebul kukuse ngebaki
pawon. Rasane kemepyar, awak dadi seger lan mripat ora ngantuk maneh.
“ Piye ya iki, anakku loro wis wayahe padha mbayar sekolah. Durung maneh utang kana kene sing durung taklunasi. Asil saka buruh macul namung sepira. Dhuh Gusti paringana sing kepenak wae uripku iki.”, ngono batine Karno karo ngrasakake enake rokok klembak menyan madu sing disulet mau.
Pakaryane Karno
minangka buruh tani ana panggonane juragan Pak Sastro, asile ora sepira. Upah namung
rolas ewu sing diasilake sedina ora nyukupi kebutuhan. Malah kepara
tombok-tombok. Endi sing kanggo nempur, tuku sayur, tuku lawuh, sekolah anake,
durung maneh yen ana wong lagi mantu, sunatan, lelayu, lan hajatan liyane, kudu
nyumbang kana kene. Mula saben sarapan esuk, Karno namung trima karo segelas
teh lan rokok sing dilinting dhewe.
“Biyuuung… aku budhal
ya.”, pambengoke Karno marang bojone sing lagi asah-asah. Hawa adhem ora
digubris. Pit dipedhal nrabas dalan sing isih remeng-remeng. Barang wis tekan
sawah sing arep digarap, Karno ora krasa adhem maneh nanging gumanti kringet
sing dleweran. Srengene wis mlethek ning sisih wetan. Kahanan dadi padhang
jingglang. Dina iki Karno entuk pakaryan saka Pak Sastro nggarap sawah setengah
hektar sing arep ditanduri pari. Ing kana kahanan wis rame kebak buruh-buruh
liya sing wus siap arep padha macul. Karno uga age-age njupuk pacul lan nggarap
sawah iku.
Panas sumelet ing
siyang iku ora digubris. Kringete padha pating dleweran. Ananging Karno lan
para buruh liyane tetep tumemen ngrampungake setralan sawahe Pak Sastro. Sawise
pegaweyan mau pungkas, Karno lan buruh liyane padha budhal, nanging sadurunge
mampir ana omahe Pak Sastro saperlu nampa upah saka buruh macul sedina iki.
“Iki upahmu, mas
Karno.”, Pak Sastro ngulungake dhuwit sepuluh ewuan siji lan sewuan sing cacahe
loro.
“Maturnuwun, Pak.”,
ujare Karno karo nampani dhuwit mau.
“Dhuwit semono apa
cukup mas kanggo nguripi anak lan bojomu?”, pitakone Pak Sastro.
“Nggih,
dicekap-cekapaken kemawon, Pak.”, wangsulane Karno. “Nganu, Pak, sakjane kula
dhateng wonten rumiki badhe ngampil arta kaliyan Pak Sastro kangge mbayar
sekolah putra kula. Ngapunten saderengipun Pak, ingkang menika Pak Sastra saged
mbiyantu kula napa mboten?” Pitakone Karno ndremimil, ora sranta.
“Piye ya, mas. Aku
namung nyekel dhuwit kanggo upah para buruh iki tok e. Yen tak paringke
njenengan ya buruh liyane ora entuk upah dina iki, ta?, wangsulane Pak Sastro.
“Oh nggih sampun, Pak.
Maturnuwun lan ngapunten saderengipun. Kula pamit rumiyin. Assalamu’alaikum”,
rupane Karno wektu iku dadi abang mbranang. Karno isin banget marang Pak
Sastro. Niate Karno arep nyilih dhuwit telungatus ewu kanggo mbayar sekolah
anake sesuk, amarga upah sing ditampa ora nyukupi. Kala wingi sore dheweke
meruhi Pak Sastro lagi adol salah sijining sapine karo Pak Handoko, tanggane
Karno. Paling ora dhuwit pitung yuta wis ana ning sak klambine amarga sapi sing
didol iku kalebu jenising sapi bibit unggul. Nanging Karno arep nyilih dhuwit
telungatus ewu kok ya ora dikei.
“Jan pelit tenan
juraganku. Padahal aku iki wus limang taun buruh tani ning sawahe, mestine dhuwite
kebak ning sak klambine, nanging aku arep nyilih dhuwit semono wae kok ya ora
dikei tenan? Yen ora butuh mangan lan butuh urip wae aku wegah dadi buruh ning
sawahe Pak Sastro.”, guneme Karno ning batin karo mlaku ninggalake omahe Pak
Sastro.
Awak krasa lungkrah
amarga dina iki Karno mulih namung nggawa dhuwit rolas ewu. Sirah krasa mumet,
pikiran cunthel. Ning omah, mesti anak bojone wus ngenteni dheweke ngarep-arep
nggawa dhuwit sing akeh.
“Kepiye iki? Anakku
mesti bakal kuciwa yen aku ora nggawa dhuwit kanggo mbayar sekolah sesuk. Marni
uga mesti bakal mencak-mencak karo aku.”, guneme Karno karo isih dremimil
dhewe.
Sakmetune saka omahe Pak Sastro, Karno
meruhi welasan sapi ning kandhang sandhing omah juragane. Karno banjur
mesam-mesem. Dheweke wis nemokake cara ben bisa entuk dhuwit kanggo anak lan
bojone. “Yen sapi iki bisa tak colong siji, sesuk anakku bisa mbayar sekolah,
bojoku ora nggrundel maneh ning omah. Malahan aku bakal entuk dhuwit
luwih-luwih. Ben wae iki bisa dadi pelajaran kanggo Pak Sastro sing pelite ora
ketulungan iku.”, batine Karno.
Atine panas semromong
meruhi welasan sapine Pak Sastro. “Sawahe hektaran, panenane ton-tonan, sapine
welasan, aku wis limang taun buruh karo dheweke kok ya durung nate entuk komisi
apa upah tambahan. Kandha yen arep nyilih wae ora dikei.”, guneme Karno karo
ngematake sapi lan kandhange, golek cara kanggo nyolong sapine Pak Sastro.
Karno ngothak-athik cara, mbudidaya kepriye carane bisa nggawa sapi iku lan
bisa entuk dhuwit akeh.
Mulih saka omahe Pak
Sastro, anak lan bojone wis ngenteni dheweke. Namung dhuwit rolas ewu sing
dikekake marang bojone. Anake sing wis ngarep-arep yen bapake nggawa dhuwit
akeh supaya sesuk bisa mbayar sekolah uga katon kuciwa. “Semene tok, Pak? Mau
awan Bu Darmono wus nagih-nagih wae lho, Pak. Aku isin blanja ning kana maneh.
Sesuk awake dhewe arep mangan apa? Bocah-bocah arep dipakani apa maneh? Beras
ning lumbung wae wis entek guris, Pak.”, ujare Marni, bojone Karno. “Iya sesuk,
aku entuk dhuwit akeh!!!”, wangsulane Karno nesu. Awak lungkrah, mulih tekan
ngomah malah dikei semprotan saka bojone.
Isuk-isuk sing biasane
Karno nyandhak pacul mangkat sawah, nanging dina iki ora. Sing dipikirke namung
kepriye carane bisa njupuk sapine Pak Sastro. Nganti telung ndina Karno ora
metu-metu. Bojone sing aruh-aruh malah disentak, diseneni. Anake sing siji uga
ora gelem mangkat sekolah amarga wedi marang gurune, wis seminggu telat mbayar
sekolah. Sirahe Karno krasa mumet banget, pikirane cunthel. Nanging ba’da
maghrib dheweke girang gumuyu. Karno wus nemokake cara kanggo njupuk salah
sijining sapine Pak Sastro. “Yen wengi iki sapine bisa dakcolong, sesuk isuk
aku bakal entuk dhuwit. Anakku bisa sekolah maneh lan bojoku ora nggrundel
maneh karo utang-utange. Dhuwit yutanan bisa kacekel ana ing tanganku! Ngono
batine Karno ngotak-ati cara, kepiye ben bisa njupuk sapine Pak Sastro.
Mripate Karno isih
kethap-kethip. Wektu kuwi wis jam rolas wengi. Bojo lan anak-anake wus turu
ngleter. Saka adoh keprungu swara asu mbaung sing nambah nggegirisi kahanan
wengi iku. Karno nyandhak sarung lan nganggo kethu kanggo nutupi sirahe. Hawa
adhem wus ora digubris maneh. Lumangkahe
jungkat-jungkit metu saka omah tumuju omahe Pak Sastro. Omahe Pak Sastro
iku manggon ana ing desa sandhinge.
Karna ndhekem ana ing
grumbulan sesuketan, sawise kahanan dirasa aman lan yakin yen Pak Sastra wis
turu, banjur nerusake jumangkahe tumuju kandhang sapi sing arep dakcolong iku.
“Sida kecekel.”, ngono batine Karno karo alon-alon mbukak jiretan ning sagulune
sapi. Nanging sajake sapi mau kaget, banjur mbengah-mbengah. Sapi mau malah
nyepak dhadane Karno, banjur nekakake swara gumrebyak ing kandhang.
“Adhuh biyung, dhadaku.” Ujare Karno melu kaget. Pak Sastro sing keprungu swara sapi nyanhdang lan gumrebyak ning kandhang banjur tangi. Karno gragapan. Sapi wis bisa digiring metu saka kandhang lan pekarangan omahe Pak Sastro. Pak Sastro sing age-age metu lan niliki kandhange sing wis mbukak banjur bengok-bengok. “Maliiiiiing…..Maliiiiiing”
Tangga teparo padha
tangi. Karno banjur mlayu ora itung lan ndhekem ana ing grumbul sesuketan sing
peteng ndhedhet. Wong-wong padha tumuju ana ing swara pambengokan lan wis siaga
nyekel gegaman kayata kayu gedhe, linggis, gandhem, malah uga ana sing nggawa
bedhil. Ora ngerti-ngerti saka mburi sirahe Karno dituthuk nganggo awak bedhil.
“Cur” getihe mencorot.
Lagi arep tangi karo
sekarat lan nyekeli sirahe sing gubras getih, rambute wis dijambak dening salah
sijining warga. Raine didengakake banjur “dhues” raine diamuk. Mripate biru
menjoto lan pandelengane Karno wus kunang-kunang. “Iki malinge wus dakamuk”,
pambengoke warga mau. Wong-wong padha tumuju ana ing grumbulan sesuketan mau.
Maling dicekel, bag big bug, diantem, ditendhang! Malinge godres getih. Kethune
banjur dibukak. “Eladalah…jebul kowe ta, Karno…Karno…”, ujare Pak Sastro. Ora
sawetara suwe polisi teka lan Karno digawa nyang kantor polisi.
Bojo lan anak-anake
sing nyumurupi nangis nggero-nggero. “Pakne…Pakne…Wis kesambet setan apa kowe
iki Pak?”. Tangga teparo namung gedheg-gedheg. Ya iki sing diarani Jalma
angkara mati murka, nemoni cilaka jalaran angkara murkane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar