Sabtu, 30 Juni 2012

geguritan


BAYU

Liwat mlebu metune napasku
Ning kono rinasa uripku
Swara sumiyute sang bayu
Takrasake pigunamu, segermu
Taksuwun singkirana dukaku

Bayu.…Apa kowe isih ana tresna mring bawana?
Aku kuwatir lan curiga
Aja-aja kabeh wus sirna
Amarga katilem mring gebyaring bandha donya

Heh sang bayu
Wurukana aku
Bisa gawe rasa senenge manungsa
Aweh rasa silir wong kang lagya sumuk
Rasa adhem kang kepanasen
Rasa lega wong kang lagi gela

Tidak ada komentar:

Posting Komentar